Selasa, 28 Maret 2017

OKEH PENCULIKAN SULTAN NGENDIKA KUDU ISO SALING NJAGA



yogya, krjogja.com - Upaya penculikan anak neng beberapa wilayah DIY ing seminggu keri katone dadi signal kanggo masyarakat lan para wongtua kanggo luwih nduwe ati-ati njaga Gantungane ati.

Sanajan saka laporan telu saben coban penculikan neng kuta yogya, gunungkidul lan kulonprogo kabehe korban bisa cucul awak ning perkara iki diharapno dadi pepeling masyarakat kanggo padha njaga lan praduli siji padha liya.

Gubernur DIY  Sri Sultan HB X marang wartawan senin (27/3/2017) njaluk masyarakat kanggo ora tinggal meneng yen nyekseni  tindak ala apa maneh upaya penculikan adhep anak. manut Sultan, masyarakat kudu nduwe kepradulen adhep lingkungannya lan bisa bertindak sacara proporsional."yen bener kedadean (upaya penculikan) jarwa masyarakat kudu luwih praduli adhep lingkungane.

Masyarakat bisa proporsional lan aja meneng wae yen ndelok kadadean sak-werna kuwi," sanjange Sultan wektu ditemoni neng DPRD DIY.

Kajaba kuwi manut Sultan, para wong tuwa lan guru kudu tambah cermat ing ngawasi putera-puterinipun ing macem-macem kesempatan amarga ing laporan neng telu wilayah DIY upaya penculikan kedadean wektu anak-anak ing dalan mulih saka sekolah. "wongtua lan para guru uga kudu luwih nduwe ati-ati, kudu tambah fokus njaga anak supaya pihak sing upadi nggawe elek ora nduwe kesempatan," pungkasanipun Sultan.Sadurunge diwartakne telu upaya penculikan kedadean neng kutha yogyakarta, gunungkidul lan kulonprogo ing siji minggu keri. sanajan aneh lantaran kedadean ing wektu sing meh barengan, ning untung telu anak iku bisa selamet lan murungake upaya iku. (fxh)

Disadur teko krjogja.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar